Andharna lima wae jinise wayang

Posted on

Baiklah teman-teman kita akan membahas soal selanjutnya di bawah ini

Andharna lima wae jinise wayang

jawaban :

1. Wayang Purwa (Wayang Kulit) digawe saka kulit sapi sing wis dioleh, ditatah banjur disungging, critane saka Mahabarata lan Ramayana.

2. Wayang wong: crita wayang kulit kang dipragakake wong (manungsa).
3. Wayang golek: digawe saka kayu dientha (dibentuk) kaya manungsa ing tokoh wayang wong wong. Tuladha: Bima, Bawor, Semar

4. Wayang Menak: wayang dibentuk cengkorongane padha wayang golek, digawe saka kayu, teras dilukis. Critane nggambarake tokoh-tokoh islam ing tanah Jawa

5. Wayang Wahyu: digawe saka kulit meh padha karo wayang kulit kang nyritakake tokoh-tokoh perkembangan agama Kristen. Wujud blegere digawe kaya tokoh-tokoh manungsa. Tuladha: herodes, mathius
.
6. Wayang Potehi: wayang digawe nganggo seng baja bagian ngisor utawa dasar sikil diwenehi magnet supaya bisa mlaku ing dhuwur panggung saka lembaran kaca. Wayang niki uga diarani wayang Cina amarga critane njupuk saka tokoh-tokoh China.

7. Wayang Beber: wayang sing critane digambar/dilukis ing kain amba sing wujude geber utawa tonil. Yen pentas utawa pagelaran nggelar geber sing saben kain isine siji crita. Tuladha: crita Jaka Tarub, Raden Panji lsp

8. Wayang Suluh: wayang kanggo sesuluh/penerangan sing nggelar tokoh-tokoh sing kudu dimangerteni masyarakat.

9. Wayang Thengul: wujude meh padha wayang golek, bedane sing dadi tokoh iku
tokoh masyarakat sing lagi nyekel kekuasaan, tuladhane tokoh lurah, kyai, pak carik lsp.

10. Wayang Klithik: wayang ukiran wayang sing nggambarake tokoh-tokoh wayang njupuk saka crita Mahabarata lan Ramayana. Ukiran wayang iki diwadhahi kothak yen pentas wayang sakothak digawa lan dipindhah-pindhah kaya ngamen uga nggawa gamelan nanging maksimal 5 instrumen.

Jinise wayang yaiku kaya ing ngisor iki.

 

—————-#—————-

 

Semoga bermanfaat teman-teman…